Wong Kanayatn

Suku Dayak Kanayatn
Dayak Kanayatn
Wewengkon Penyebaran Kabupatèn Landak, Kabupatèn Bengkayang, Kabupatèn Pontianak& Kabupatèn Kubu Raya
Basa Asli Ahe/Nana', Damea/Jare
Agama Protèstan, Katulik & Animisme
Kelompok ètnis yang berhubungan Dayak Bukit, Dayak Selakau/Salako

Wong Dayak Kanayatn inggih punika salah satunggaling suku saking kathahing cacah subSuku Dayak ingkang papan dunungipun ing Pulo Kalimantan, inggih punika ing kabupatèn Landak, Kabupatèn Pontianak, sarta Kabupatèn Bengkayang, sapérangan alit ing kabupatèn Ketapang sarta kabupatèn Sanggau.[1] Busana Tradisional suku Dayak Kanayatn kadamel saking kulit Tarab utawi 'Kapuak/Kapoa'. Ageman inggil bentukipun Rompi ingkang dipunsebut Baju Marote utawi baju uncit. Cawatipun kadamel saking Kain tenun utawi kulit Kayu ingkang dipunsebut Kapoa. Sarta makutha utawi iket mustaka, ingkang wonten ing basa ahe dipunsebut Tangkulas. Tangkulas punika limrahipun dipunhiasi kaliyan wulu Ruai/Kuau Raja, sarta wulu Enggang. Kadang kala, manawi wulu manuk Ruai boten wonten, saged dipun-gantos kaliyan Anjuang Merah.[2]

Upacara adat ingkang biyasa dipunadani déning suku punika antawisipun Naik Dango, Muakng Rate, Gawai Dayak, lan sanès-sanèsipun.[3]

  1. Dayak Kanayatn[pranala mati permanèn]
  2. [1][pranala mati permanèn]
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-11-21. Dibukak ing 2012-12-29.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy